Previous
Next

Info Sastra

Contoh Geguritan

 

 

Geguritan atau yang sering juga disebut sebagai puisi jawa adalah tembang uran-uran awujud purwakanti (nyanyian yang kata-katanya diulang sebagian di awal teks). Atau bisa juga diartikan sebagai karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, guru lagune ora ajeg (karangan yang telah dirumuskan seperti nyanyian tetapi bait, suku kata, dan rima tidak tetap)

Berikut ini adalah beberapa contoh geguritan:

UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu



DALAN OMBAK

Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina

Sidoarjo, 2007


SEDYAKU

Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…

Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…

Video

Video ekspresi membaca geguritan

Dalam video ini akan diperlihatkan ekspresi seseorang dalam membacakan geguritan

(indahf/Carapedia)
Pencarian Terbaru

Contoh geguritan gagrak lawas. Contoh geguritan gagrak anyar. Contoh geguritan gagrag anyar. Geguritan gagrak anyar. Geguritan lawas. Geguritan gagrag anyar. Tuladha geguritan gagrak lawas.

Geguritan gagrak lawas. Kumpulan geguritan gagrak lawas. Contoh geguritan lawas. Contoh geguritan gagrag lawas. Contoh geguritan gagrag anyar bahasa jawa. Tuladha geguritan gagrag anyar. Contoh geguritan gagrak anyar bahasa jawa.

Geguritan gagrag lawas. Http://carapedia.com/geguritan_info759.html. Https://carapedia.com/geguritan_info759.html. Contoh geguritan anyar. Geguritan gagrag anyar bab lingkungan. Contoh geguritan.

Tambahkan komentar baru
Komentar Sebelumnya (1)
01 Feb 2015 13:50
xXx
bisa minta tolong dibuati geguritan tentangsegara balekambang!!